• Jelajahi

    Copyright © abiahya
    Best Viral Premium Blogger Templates

    Iklan

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Surat Al Maidah Ayat 51 Sanes Perkara Enggal"

    Thursday, November 10, 2016, 9:41:00 PM WIB Last Updated 2016-11-22T08:03:52Z
    masukkan script iklan disini
    masukkan script iklan disini
    Mangga kita tansah ningkataken anggen kita sami taqwa dumateng Allah saben dintenipun kranten kanthi taqwa kita sedaya saged manggeh keselametan dunya akhirat, sakderengipun bahas Surat al-Maidah ayat 51 mangga sekedhap kita ngemut-emut kedadosan ingkang akhir-akhir punika saweg panas inggih perkara salah satunggaling pejabat ingkang nggunakaken ayat 51 Surat Al Maidah padahal tiyang kasebat sanes Muslim, tiyang punika seolah-olah badhe nggugat ayat al-Qur’an padahal ayat al-Qur’an punika sampun tumurun atusan tahun kapengker. 

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa

    "Surat Al Maidah Ayat 51 Sanes Perkara Enggal"

    Panulis : Abi Ahya



    Kedadosan punika ngemutaken kita dening kisah nalikaning Rasulullah wafat, Umar khutbah kanthi lantang negesaken bilih Nabi Muhammad boten wafat, ananging sowan wonten panggilanipun Rabb kados ingkang kedadosan dening panjenenganipun Nabi Musa ‘alaihissalam. Mireng perkara punika Abu Bakar langsung nuweni jenazah Nabi Shalallahu ‘alaihi wassalam saperlu negesaken kondisinipun, mangertosi keadaan bilih Rasulullah saestu sampun wafat, Abu Bakar jengkar dumugi dateng ing umat ingkang wonten panggenan punika wonten Umar bin Khathab lajeng Abu Bakar ngendika : “Sopo wonge nyembah Nabi Muhammad Sholallahu ‘alaihi wassalam, gatekno Muhammad wis mati, lan sopo wonge nyembah Allah, Saktemene Allah Maha Gesang lan ora bakal mati”.

    Saklajengipun Abu Bakar ngutip firman Allah wonten Al-Qur’an Surat Ali Imran:144 ingkang artosipun :
    Muhammad iku ora liya mung Rasul, saktemene wis ana pira-pira Rasul sakdurunge, kapan Muhammad mati utawa dipateni, apa kowe kabeh bakal murtad? Sapa wonge kang murtad, wong iku ora bakal ngrugeni Allah lan Allah barang paring balasan marang wong-wong kang syukur (Terjemah QS. Ali Imrah : 144 Bahasa Jawa). 


    Ibnu Abbas paring komentar dumateng perkara punika, “Demi Allah kaya-kaya masyarakat durung tau weruh yen Allah wus nurunake ayat iki sahingga diwaca dening Abu Bakar, lan disebut-sebut dening wong-wong akeh. Saben-saben ketemu wong mesti wong iku maca ayat iki (ar Rahiq al Makhtum, hlm. 432 terjemahan Bahasa Jawa).

    http://kumpulankhutbahbahasajawa.blogspot.com/2016/11/khutbah-jumat-bahasa-jawa-surat-al.html
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini