• Jelajahi

    Copyright © abiahya
    Best Viral Premium Blogger Templates

    Iklan

    Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Wulan Safar Sanes Wulang Sial Ingkang Kathah Pantanganipun

    Thursday, November 17, 2016, 10:27:00 AM WIB Last Updated 2020-09-24T15:03:09Z
    masukkan script iklan disini
    masukkan script iklan disini
                  

                                             

    (lanjutan)

    Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, 

    25 September 2020 : 

    "Wulan Safar Sanes Wulan Sial"


      

    LANJUTAN ...

    Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

    Saklebeting wulan Safar punika wonten kathah kedadosan penting kagem perkembangan agama Islam, sahingga kedadosan-kedadosan punika ugi sejatosing sampun bantah pendapat ingkang nganggep kathah kesialan ing wulan Safar punika. Kedadosan pertama inggih punika Nikahipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam kaliyan Khadijah binti Khuwailid ingkang dipun laksanakaken wonten ing Wulan Safar, miturut Sirah Nabawiyah ingkang katulis dening Syeikh Shafiyurrahman Al Mubarakfuri Rasulullah nikah kaliyah Khadijah dipun prakarsai Nafisah binti Munabbih, maharipun 20 unta. Angka kalih nggih punika peristiwa perang Khaibar ingkang wonten perang punika umat Muslim dipun paringi kemenangan, miturut Ibnu Qayim Al Jauziyah ing Zaadul Maad bilih Rasulullah medal perang ing Khaibar wonten akhir wulan Muharram, Fath utawi kemenanganipun wonten ing wulan Safar. Perang Khaibar nggih punika perangipun Kaum Muslim ngelawan Yahudi ingkang bersekutu kaliyan Raja Hiraklius, kaum Muslimin saged ngrebut benteng kuat ingkang betahaken wekdal pinten-pinten dinten kagem nembus benteng kasebat. 

    Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

    Peristiwa saklajengipun ingkang angka tiga nggih punika peristiwa pengangkatan Usamah Bin Zaid salah satunggaling sahabat Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang taksih timur (muda), wonten ing wulan Safar ugi panjenenganipun Usamah bin Zaid dipun angkat dados panglima perang. Rikala semanten umur Usamah bin Zaid nembe 20 taun Rasulullah paring perintah mimpin pasukan Muslim ingkang jumlahipun 3000 perang ing tanah al Balqa ing Syam, dinten punika Syahid ayahandanipun Zaid bin Haritsah, enjingipun tanggal 29 Safar 11H utawi 24 Mei 632M Usamah bin Zaid dipun panggil Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam lan dipun angkat dados panglima perang.

    Peristiwa nomer sekawan inggih punika peristiwa penaklukan Persia ingkang kedadosanipun wonten masa kekhalifahan Umar bin Khathab tepatipun tanggal 14 Safar 16H utawi 17 Maret 637M, kaum Muslimin ingkang dipun pimpin Saad bin Abi Waqash menang lawan Persia. Sakderengipun kaum Muslimin ngalami perang ingkang hebat wonten ing Qadisiyah (sakpunika mlebet negara Irak) ugi saged ngerebut istananipun. Saad bin Abi Waqash ngalami luka ingkang parah akibat pertempuran punika, anamung akhiripun saged menang. 

    Jamaah Jum’at Rahimakumullah, 

    Peristiwa-peristiwa ingkang kedadosan wonten wulan Safar kasebat sejatosipun sampun bantah pendapat bilih Wulan Safar nggih Wulan Sial, minangka Muslim kita boten pareng percaya utawi meyakini pendapat kasebat, kita kedah tansah sinau sejarah-sejarah kathah kedadosan agung ugi mulya ingkang kedadosanipun wonten ing Wulan Safar. Sedaya Wulan mesti wulan ingkang sae amargi Allah boten bakal paring kesialan dumateng hamba-hambanipun, mangga sepindah malih kita tansah nglaksanakaken sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun mugiyo Allah paring perlindungan pangayoman dumateng kita sedaya, Amiin.

     


     

       

    Luruskan Niat Untuk Berusaha Karena Allah, Gabung Bersama kami Dalam Investasi Usaha Syariah, Anda Berinvestasi Sekaligus Sedekah Untuk Para Santri Penghafal Al Qur'an.

    Siap Investasi Syariah ?

    Komentar

    Tampilkan

    Terkini

    NamaLabel

    +